1 of 22

PANATACARA

Pembawa Acara/MC

Guru Mata Pelajaran

Jaat Siyah Riwayati

2 of 22

Pangertosan

Panatacara saged dipunwastani pambyawara, panata adicara, panata titilaksana, panata laksitaning adicara, utawi Master of Ceremony (MC).

Panatacara menika salah satunggaling tiyang/paraga ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksana satunggaling upacara, kayata: temanten, kesripahan, pepanggihan, pengaosan, sarasehan, lsp.

3 of 22

Perangan Teks Pranatacara

PURWAKA

a. Uluk salam

b. Pakurmatan marang tamu

c. Puji syukur konjuk Gusti

d. Ngaturake jejibahan

SURASA/PERANGAN WIGATI

Wosing pangandikan utawa bab-bab kang wigati dijlentrehake

WASANA/PANUTUP

a. Kajaluk nerusake anggone lelungguhan nganti purna

b. Ngjaluk pangapura kaluputane probadhi

c. Salam panutup

4 of 22

Tuladha Perangan Teks Panatacara

Salam Pambuka

    • Assalamualaikum wr wb, Berkah dalem, wilujeng siyang/lsp, om swastyastu, lsp

Sapa aruh

    • Para sesepuh para pinisepuh ingkang kinurmatan, para pepundhen ingkang sinudarsana, lsp

Atur puji syukur

    • Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang maha Agung …….
    • Mugi rahayu tansah pinanggih, sugeng pinanggih mugi kabagaswarasan tansah kajiwa kasalira ing jiwanggga kula lan panjenengan sedaya

5 of 22

Perangan Teks Panatacara

Surasa/

Ancasing gati

    • Wonten ing titiwanci menika, kula minangka panatacara badhe ngaturaken rantaman adicara ing dalu menika, kaping setunggal….

Panutup

    • Matur nuwun saking kula, menawi anggen kula ngaturaken lelampahan adicara ing dalu menika kathah cecer cewet lan klenta-klintunipun kula nyuwun agenging samodra pangaksama.

Salam panutup

    • Wassalamualaikum wr wb
    • Wilujeng siyang, dalu, lsp
    • Nuwun, matur nuwun, lsp

6 of 22

Pahargyan Panatacara

  1. Pawiwahan, palakrama, utawa pernikahan
  2. Ambal warsa
  3. Kepaten/kesripahan
  4. Mitoni
  5. Tedhak siten
  6. Khitanan
  7. Wisuda/perpisahan
  8. lsp

7 of 22

Sangu/Sarat Panatacara �BAB POKOK

OLAH SWARA

Logat

Pocapan

Napas

Cetha/artikulasi

Kajiwa/dihayati

Tegas

OLAH SASTRA

Ada-ada

Panyandra

Parikan

Paribasan

Wangsalan

Lsp.

8 of 22

Sangu/Sarat Panatacara�sakliyane yaiku:

Magatra (Pasuryan, basa, lan busana sae. Solah bawa luwes ora digawe-gawe)

Malaksana (lampahipun luwes, mrabawani, ora ingah-ingih)

Mawastha (jumeneng kanthi jejeg, ora dhoyong)

Maraga (ora wedi, ora gemeter, anteng obahe awak)

Malaghawa (trampil, lancar, cag-ceg, ora ngleler ora grusa-grusu)

Matanggap (tanggap wonten sedayanipun kahanan)

Mawwat (bisa ngedhaleni acara kanthi sampurna, aja nganti kececer)

9 of 22

Teknik Maca

  1. Nggunakake pangucap kang trep
  2. Pamedhote ukara kang trep
  3. Nggunakake intonasi, nadha, lan tekanan kang trep
  4. Ngerteni tandha wacan kanthi trep
  5. Swara kanthi cetha
  6. Ngatur alon lan cepete pamaca
  7. Ngolah treping mlebu metuning napas
  8. Mahami wacan
  9. Pracaya marang dhiri pribadhi

10 of 22

Tuladha

Sugeng siyang. Sugeng rawuh para tamu.

Kawilujengan, karaharjan, saha berkahipun Gusti, pangeran ingkang Maha Kuwaos mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya ingkang sami rawuh lan makempal ing siyang menika.

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni, para tamu kakung miwah putri ingkang tansah nengenaken tumindak utami.

Inggih saking awit keparengipun Bapak Rohadi sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara upacara adat Jawi, panjenenganipun Ibu Arimbi ingkang sampun pinaringan wiji sejati saking Gusti sampun umur jangkep sapta candra.

11 of 22

Para tamu sedhahan ingkang bagya mulya, gegandhengan wekdal sampun nedhahaken tabuh setunggal siyang, jumbuh kaliyan serat ingkang sampun kaaturaken. Pramila adicara mitoni ing siyang menika badhe kawiwitan. Keparenga kula …………… ingkang minangka pambyawara badhe ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun karantam para kluwarga, inggih menika:

Adicara kapisan pambuka

Titilaksana kaping kalih atur pambagyaharja

Lampah kaping tiga waosan donga puji

Titilaksana kaping sekawan inggih menika lampahan upacara saha tatacara adat Jawi mitoni

Adicara ingkang pungkasan panutup

​

​

12 of 22

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, mangga adicara upacara mitoni menika kita purwakani kanthi monjukaken donga pamuji dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, miturut kapitadosan piyambak-piyambak. Dedonga kawiwitan. Mugi kanthi kawiwitan nyebat asmanipun Gusti adicara mitoni tansah manggih wilujeng.

​

13 of 22

Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angracani ngunjuk saha dhahar sinambi midhangetaken pasugatan lelagon saking Paguyuban Sekar Arum. Sumangga.

Sanggyaning para tamu sedhahan ingkang bagya mulya lan kula bekteni. Upacara mitoni sampun kalampahan kanthi rancak lan runtut mugi-mugi tansah pinaringan kawilujengan lan dados putra ingkang utami. Kula ………… menawi anggenipun anglantaraken adicara menika kathah cecer cewet saha kuciwanipun kula tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksama.

Wasana konduripun para tamu ndherekaken sugeng kondur, mugi-mugi tindak panjenengan sedaya tansah manggih rahayu kalis saking rubeda dumugi dalemipun piyambak-piyambak.

Wassalamualaikum wr wb. Nuwun matur nuwun.

14 of 22

Gladhen Kelompok

  1. Adicara Mitoni
  2. Adicara Tirakatan 17an (kampung)
  3. Adicara Tedhak Siten
  4. Adicara Sarasehan Budaya Jawa
  5. Adicara Kesripahan
  6. Adicara Tanggap Warsa SMAGA

15 of 22

S E S O R A H

Dening Yuniati Chasanah, S. Pd.

PIDATO BERBAHASA JAWA

16 of 22

Pangertosan

Sesorah inggih menika pirembagan wonteng sangejengipun tiyang kathah kanthi ngandharaken satunggaling gagasan, pamrayogi, panemu, lsp.

Peprincening medhar pangandikan:

  1. Mratelakaken informasi
  2. Hiburan
  3. Hamemilut marang para pamireng

17 of 22

Perangan Sesorah

    • Salam pambuka, mbagekaken ingkang rawuh, ngucapaken sukur marang Gusti

Pambuka

    • Andharan wigati sesorah

Surasa/isi

    • Ngaturake dudutan, ngaturaken kalepatan, salam panutup

Wasana/Panutup

18 of 22

Patrap nalika sesorah

  1. Sikep nalika sesorah (ngadeg jejeg lan anteng)
  2. Owah-owahan praen/ekspresi wajah (sumeh, boten gugup)
  3. Owah-owahan sarira/gerak badan (ngapurancang)
  4. Basa kang digunakake komunikatif, alus, cekak, aos
  5. Swara cukup, cetha, ngarah-arah.
  6. Nggatekake tema kang jumbuh karo swasana
  7. Nggatekake wayah/wektu
  8. Empan papan
  9. Nggatekake pamireng

19 of 22

Pamilihing Pamedhar Sesorah

Lantip ngelmunipun lan yuswa, jembar kawruhipun, wibawa, sarta wasis micara ngracik lelewaning basa. Piandele:

  1. Tatag (ora ndhredheg)
  2. Teteg (ora kemrungsung, tajem)
  3. Tanggap (ngerti kang dikarepake pamireng)
  4. Tanggon (nyenengake lan maremake)
  5. Titis (njumbuhake apa kang diaturake)

​

20 of 22

Teknik Sesorah

  1. Cara apalan
  2. Cara naskah utawa teks
  3. Cara dadakan utawa impromtu
  4. Cara nggawa cathethan cilik (Ekstemporan)

21 of 22

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

​

22 of 22

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

​