1 of 7

Legendha

2 of 7

Ancase

Migunakake Metode diskusi lan Model example non-exsample, kanthi pangajab siswa bisa :

  • Ngerti cerita legenda Sumur Blandhung kanthi bener.
  • Jawab teks cerita legenda Sumur Blandung kanthi bener.
  • Mangsuli pitakonan babagan legenda Sumur Blandhung kanthi bener.
  • Negesi tembung angel kang ana ing legenda Sumur Blandhung kanti bener.

3 of 7

Materi

Cerita dongeng kasebut ing dhuwur bisa kagolongake dadi:

  • Fabel yaiku cerita kang paragane para kewan kang tindak-tanduke diupamake kaya dene manungsa kang bisa ngomong.
  • Mithe yaiku dongeng kang ana gegayutane marang bangsa alus, arwahe para leluhur, jin, syetan, lsp.
  • Legenda yaiku dongeng kang nyeritakake asal-usul sawijining papan panggonan.

 

4 of 7

  • Asal usul Sumur Blandhung�Sumur Blandhung digawe nalika jaman Hindhu-Budha kerajaan Majapahit abad 13-14. Sumur Blandung pancen sengaja digawe penduduk banyune kanggo kaperluan padinan. �Mula bukane Sumur Blandung kuwi, sawijining dina ana petani jenenge Pak Pahing akon anake yaiku Kliwon supaya angon wedhus, nanging ora gelem nunggoni wedhuse malah dolan nonton.Pak Pahing weruh wedhuse ora ditunggoni Kliwon, dheweke banjur nesu,wedhuse digawa mulih.Tekan omah Kliwon diseneni nanging meneng wae, amarga ora direwes Pak Pahing nesune saya muntap banjur Kliwon ditundhung saka omah. Kliwon lunga mangalor tekan Gunung Lawu. Ing papan kuwi ana pondok pesantren. Kliwon mapan lan maguru ing pesantren kuwi. �Sawijining bengi ing padhepokan kuwi ana guru nggawe tandha kanthi cara sarung dibundheli pucuke. Ing kono cacahing sarung akeh nanging sing dibundheli mung siji. Esuke sawise para santri resik-resik, guru ndhawuhi para santri ing pesantren kuwi supaya njupuk sarung ing tumpukan. Sawise kabeh padha njupuk, pranyata sing njupuk sarung ana tandhane iku Kliwon. Guru iku banjur ndhawuhi Kliwon supaya lunga menyang Majapahit amarga Kliwon wis cukup ilmune lan kabeh ilmu sing diduweni gurune wis diwenehake kabeh marang dheweke. Kliwon banjur lunga menyang Majapahit. Ing Majapahit ana punggawa kerajaan sing duwe anak wadon sing jenenge Mayasari rupane ayu nanging lagi nandhang lelara lan durung ana sing bisa nambani. Amarga nduweni ilmu sing cukup dhuwur Kliwon bisa nambani putri mau saka larane. Amarga lelabuhane iku Kliwon didhaupke karo Mayasari lan diwenehi kalungguhan.�Sawise dhaup karo Mayasari, Kliwon didhawuhi mulih menyang panggonan asale lan nggawe kadipaten, papan iku saya suwe saya rame dadi pasar. Pak Pahing bapake Kliwon uga dadi bakul dhawet lan dodolane laris banget. Ing sawijining dina Kliwon weruh bapake lagi dodolan banjur marani. Pak Pahing ora ngerti yen sing marani iku Kliwon anake sing wis suwe lunga amarga Kliwon saiki wis dadi bangsawan lan ganti jeneng. Kliwon omong-omongan karo Pak Pahing takon ngenani kaluwargane. Wusanane Kliwon omong nek dheweke iku anake Pak Pahing. Pak Pahing kaget ora nduga yen anake dadi bangsawan. �

5 of 7

Mangerteni bab iku Mayasari dadi isin, dheweke bali menyang Majapahit. Nanging tekan Majapahit dheweke dikon bali meneh menyang bojone. Mayasari banjur bali meneh menyang Kliwon. Dheweke rumangsa sedhih banjur arep nglalu kanthi cara nggantung utawa nggandhul, ananging ora mati. Mula papan sing digunakake kanggo nglalu Mayasari iku dijenengi Gandhulan. Mayasari banjur mlayu menyang sawijining papan, ing kono dheweke lara nglebag-nglebag nganti tumekane pati . Mula papan iku dijenengi Mlibak.�Mangerteni kahanan kuwi Kliwon sedhih banget, sawise Mayasari mati kadipaten iku wargane padha nandhang lelara. Amarga Kliwon ilmune dhuwur dheweke ngerti kepriye carane nanggulangi kahanan iku. Dheweke banjur akon rakyate supaya gawe sumur ing wadhas utawa watu-watu. Banyu sing metu saka sumur iku manjur bisa kanggo ngobati wong-wong sing lara. Sumur iku diarani Sumur Blandhung.Sumur Blandhung iku mapan ing desa Tegowanuh, Kaloran, Temanggung.�

6 of 7

Gladhen

  • Para siswa, kanggo nambah katrampilamu nggunakake basa Jawa, ayo pitakonan ing ngisor iki wangsulana nganggo basa krama!

 

  • Ing jaman kerajaan menapa Sumur Blandhung kadamel?
  • Sinten asmanipun bapakipun Kliwon?
  • Kenging menapa bapakipun Kliwon duka ?
  • Wonten ing pundi papanipun Kliwon sasampunipun dipundukani bapakipun?
  • Sinten asma garwanipun Kliwon?
  • Ing pundi papanipun Sumur Blandhung menika?
  • Menapa ancas tujuwanipun dipundamel sumur Blandhung?
  • Kenging menapa Mayasari wangsul dhateng Majapahit?
  • Menapa larah-larahipun wonten papan ingkang kawastanan Gandhulan?
  • Wonten kedadosan menapa sasampunipun Mayasari seda?

7 of 7

Sugeng Makarya