KELAS 10
BAB 6 KACA 113
“TEMBANG MACAPAT”
SEMESTER GENAP
Tembang ing Bahasa Indonesia diarani lagu
Tembang yaiku karya sastra kang awujud lagu basa
jawa sing isine nyritakake kauripan manungsa lair
ngantimati
Tembang macapat kagolong geguritan tradisioanl basa
jawa lan biasane diartikake macane papat papat
TEMBANG
Tembang ing basa jawa diarani lagu
Tembang kabagi dadi 5
���
TEMBANG MACAPAT
Yaiku tembang sing nyritakake manungsa lair nganti mati sing ditulis lan didadhekake tembang/lagu. Tembang macapat uga diarani tembang tradisional ing tanah jawa
Tembang macapat uga diarani tembang gagrag lawas
TEMBANG MACAPAT KABAGI DADI 11:
1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmarandana
5. Dhandhanggula
6. Gambuh
7. Maskumambang
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung
WATAK-WATAKE TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
1.Maskumambang
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné
2. Mijil
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
3. Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
�
4. Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
5. Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dhandhanggula
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
�
�
8. Durma
Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
10. Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa
11. Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Paugeran tembang macapat kabagi dadi 3 :
a. Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa
Indonesia: bait).
b. Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben
gatra.
c. Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben
gatra.
�
TULADHA
GAMBUH
Sekar gambuh ping catur (7u)
Kang cinatur polah kang kalantur (10u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12i)
kadaluwarsa katutuh (8u)
kapatuh pan dadi awon (8o)
Tembang gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.
MATUR NUWUN…