ASSLAMUALLAIKUM..
KELAS 11
MATERI “ GEGURITAN”
KOMPETENSI DASAR :
3.1.1. Menganalisis struktur teks geguritan
3.1.2 Mengidentifikasi isi teks geguritan
3.1.3 Mengidentifikasi pesan/ amanat dalam teks geguritan
INDIKATOR :
4.4.1 Menulis teks puisi sesuai tema
4.4.2 Membaca indah teks puisi
4.4.3 Menceritakan relevansi pesan moral puisi dalam kehidupan sehari-hari
STRUKTUR TEKS GEGURITAN�a. Struktur lair�b. Struktur batin
A. Struktur lair yaiku wujud kang bias dideleng lan ditudhuhake ing geguritan
1. Tipografi
2. Imajinasi
3. Gaya
4. Enjabemen
5. Purwakanti
B. Struktur batin�yaiku wujud geguritan kang ora katon amarga biasane ngenani isi, arti lan uga tujuwane.��Kang kalebu struktur batin yaiku:�1. Tema�2. Wirasa�3. Amanat
TAMAN��ing taman�ing taman anakku�tawon lan kupu rebutan madu�kinjeng lan kombang rebutan kembang�angin esuk ngerok embun ing pukuing kundhup�kekedering kinjeng lan kupu�sawangen wae endahe�ing taman�ing taman anakku�kupu lan kinjeng isih kapi andreng�tawon lan kombang ngenam panadhang�……�( Paket basa jawa kaca 83)�
TULADHANE GEGURITAN
Sekolahku
Sekolahanku…
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku…
Diwulang dening Bapak-ibu Guru
Sekolahanku…
Sinau, maca buku
Ing panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
Aku percaya…
Sanajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
Kareben ngesuk dadi wong kang aji
miguna tumprap bangsa lan nagari
Apike Alam
Ati sing lara dadi waras
Yen ndeleng apike alam iki
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Ndeleng ciptan sing Kuasa
Matur syukur marang Gusti
Sing wis nyiptake bumi iki
Lan saisine
Kita kudu ngrawat alam iki
Marang dunya kang luwih apik
Sing Ilang Yo Ben Ilang
Saumpama kowe ngerti isi atiku
Kowe ra bakalan ngilang
Kaya pedhut esok kang ilang kesaput srengenge
Kaya embun kang netes siya-siya ono lemah garing
Kang nambah netese eluh ing pipiku iki
Kabeh iku ora kena digetuni
Sebab anane jodho, pati lan rejeki
Kuwi wes digarisake marang Gusti
Sing ilang yo ben ilang
Sesok yo bakalan enthuk ganti kang luwih
Ingkang luwih becik luwih eman
Merga ra bakalan kok gayuh maneh
Wes cukup sakmene anggone riwayat
Kanggo saksine ana lelakone urip
Kowe lan aku kudu nrima lan legawa
Ikhlas kanthi nglakoni
Ora oleh misuh
Iki kabeh sing Kuasa anggone ngatur
KUWI KABEH TULADHANE GEGURITAN
TUGAS DARING 2
- SISWA YANG MENGERJAKAN AKAN
MENDAPAT NILAI MIN 90
- BAGI SISWA YANG TIDAK MENGERJAKAN
AKAN MENDAPAT NILAI NOL/0
MATUR NUWUN….