1 of 12

Waskitha Basa lan Sastra Jawa

Kanggo SMA/MA KELAS X

2 of 12

BAB 4

Ndhudhah Pewayangan kanthi Tlesih

sumber:shutterstock.com

3 of 12

Tujuan Pembelajaran

  • Menyimak cerita wayang (Mahabrata)
  • Menjelaskan arti kata dalam teks cerita wayang (Mahabrata)
  • Menyebutkan tokoh cerita wayang (Mahabrata)
  • Menjelaskan budi pekerti tokoh cerita wayang (Mahabrata)
  • Membandingkan watak tokoh cerita wayang (Mahabrata)
  • Menjelaskan pesan dari cerita wayang (Mahabrata)
  • Menyimpulkan isi dari teks cerita wayang (Mahabrata)

4 of 12

Profil Pelajar Pancasila

  • Bernalar kritis
  • Kreatif
  • Gotong royong
  • Berakhlak mulia
  • Mandiri

5 of 12

Ancang-ancang

Ngrembung babagan crita wayang sumbere ana loro yaiku Crita Ramayana lan Mahabrata.

Crita Ramayana

Crita Mahabrata

Crita Wayang

6 of 12

Mahabrata

Nyritakake lelakone Bharata, yaiku Pandhawa lan Kurawa. Pandawa nggambarake golongan kang becik lan bener. Kurawa nggambarake kang ala lan luput. Pandhawa artine anake Pandhu, Raja Hastinapura, Kurawa iku anake Drestrarastra, sadhereke Pandhu.

Mahabrata

Pandhawa

Kurawa

sumber:shutterstock.com

7 of 12

Materi Pembelajaran Ndhudhah Pewayangan kanthi Tlesih

A. Mangerteni Tegese Tembung Sajroning Teks Wayang kanthi Tumemen

B. Tepung Paraga Wayang

C. Dhudhah Isi Wacan

8 of 12

A. Mangerteni Tegese Tembung Sajroning Teks Wayang kanthi Tumemen

Para siswa maca teks crita wayang “Bima Bungkus“ ing buku. Para siswa uga bisa ngrungokake utawa nyemak pacelathon kanthi mindai tandha QR ing ngisor iki.

9 of 12

B. Tepung Paraga Wayang

  • Bathara Guru

Yaiku putra Sanghyang Tunggal. Amarga menang sayembara ngulu jagad,

Bathara Guru bisa dadi ratuning titah jagad tribuwana. Nalika nguwasi

jagad, Bathara Guru disabda cacad marang Sanghyang Tunggal lan tindak

Tansah nitih Lembu Nandini.

Wosing budi pakarti :

Aja adigang, adigung, adiguna

→ aja ngendel-ngendelake panguwasane, kalenggahane, kapinterane

10 of 12

  • Pandhu Dewanata

Yaiku putrane Prabu Abiyasa karo Dewi Ambalika. Pandhu duwe sdulur tuwa yaiku

Drestrarastra kang dikurmati kanthi luhur. Pandhu duwe garwa Dewi Kunthi lan

Dewi Madrim. Kagungan putra Yudhistira, Werkudara, Arjuna, Nakula lan

Sadewa.

Wosing budi pakarti :

Kadang enom tresna bekti tuhu marang kadang wredha

→ Pandu ding luwih enom bekti marang Drestrarastra.

  • Dewi Kunthi

Yaiku putrine Prabu kunthiboja ratu ing Mandura karo Dewi Bondhasari. Kunthi kagarwa

Prabu Pandu Dewanata ratu ing Astina. Kunthi peputra telu aran Puntadewa, Werkudara,

lan Janaka. Kacarita Kunthi tau tetulung marang Resi Druwasa kanthi paring boga. Banjur

Diwenehi aji Adhityaredaya.

Wosing budi pakarti : Sing nandur kabecikan, bakal ngundhuh kabecikan.

11 of 12

Para siswa bisa nuduhake budi pakartine Duryudana lan Arjuna. Para siswa uga bisa ngrungokake utawa nyemak crita kanthi mindai tandha QR kang sumadya. Sawise ngrungokne crita, coba tulisen dudutan budi pakarti saka Duryudana lan Arjuna.

12 of 12

C. Dhudhah Isi Wacan

Sawise maca crita kanthi irah-irahan “Sumantri Ngenger“ para siswa bisa ngrembug gegayutan sastra. Banjur siswa bisa dhudhah isi wacan kanthi cara ing ngisor iki :

  1. Maca sakabehane crita
  2. Nulis gagasan pokok
  3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan pokok
  4. Ringkesan ora oleh nyimpang saka wacan crita.