Bab 2 Budi Pakarti Utama
sumber: shuttestock.com
Tujuan Pembelajaran
Bernalar kritis:
Kreatif:
Bergotong royong:
Berkebinekaan global:
Profil Pelajar Pancasila
A. Nyemak Teks Tembang Gambuh
B. Maca Tembang Gambuh
C. Micara Tembang Gambuh lan Isine Tembang
D. Nulis isine Tembang Gambuh
Materi Pembelajaran
A. Nyemak Teks Tembang Gambuh
Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
B. Maca Tembang Gambuh
Ayo gladhen maca endah tembung Gambuh ing ngisor iki.
Aja nganti kabanjur
Sabarang polah kang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos*
*Mardika Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII hlm 23-24
Pangikete Tembang Macapat
Guru Gatra
Guru Lagu
Guru Wilangan
Yaiku cacahing larik saben satembang
Yaiku cacahing wanda saben larik
Yaiku tibaning swara ing pungkasan larik
Guru gatra
Guru gatra yaiku cacahing larik/baris saben satembang wutuh. Tembang Gambuh guru gatrane ana 5.
Guru wilangan
Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben larik. Guru wilangane tembang Gambuh yaiku 7, 10, 12, 8, 8.
Guru lagu
Guru lagu yaiku tibaning swara (dhong dhing) ing pungkasan gatra. Guru lagune tembang Gambuh yaiku u/u/i/u/o.
C. Micara Tembang Gambuh lan Isine Tembang
sumber: shutterstock.com
Ngandharake isine tembang Gambuh mawa ragam krama.
Tembang gambuh ingkang kaping sekawan, inggih punika ngadharaken tindak tanduk ingkang kebablasen. Tanpa pitutur bakal nemahi kacilakan. Menawi sampun dados pakulinan, satemah ndadosaken pakartinipun awon.
D. Nulis Isine Tembang Gambuh
Kanggo nulis isine tembang Gambuh kasebut, para siswa prelu nggatekake babagan: